Cerita cekak bahasa jawa " liburan menyang kebun binatang "

                 Liburan menyang kebung binatang
               Dening : Ayu wulandari sukoco

    Nang dina sabtu wayah liburan sekolah laras lan keluarga mlaku-mlaku menyang kebun binatang, neng dalan macet, lan laras teko neng kebun binatang ndelok wong utan turu, uga ndelok ula, ana ula king kobra, ula phiton, lan liya-liyane. Wong utan lan ula neng kono pirang-pirang kewan ana kewan kethek, komodo, bajul, manuk merak, manuk kakak tuwa, gajah lan isin akeh maneh.
               Laras leren neng ngesor wit, sakwise leren laras mlaku-mlaku maneh, neng kono ana kethek, sakwuse saka kandang kethek laras terus foto-foto, sakwise laras foto-foto laras terus mlaku-mlaku maneh. Laras ketemu karo pawang ula kobra neng ngarep gerbang prau utawa sepeda banyu, sakwise ndelok pawang ula king kobra laras medun neng ngisor neng kono ana macan, sakwise laras ndelok macan laras terus tuku tiket kanggo mrau dayung laras difoto pas lagi mrau, sakwise mrau laras uga ndelok pawang ula phiton sakwise ndelok kui laras muleh.
               Pas neng ndalan laras, kroso luwe aku mampir mangan disek neng warung, saiki laras wis kroso warek. Laras nerusne muleh neng ngomah, neng ndalan arep mulih menyang ngomah macet banget lan udanneng dalane, sak jam sakwise teko ngomah mapan turu, tapi sidane laras raiso turu goro-goro bapak karo ibuk mbengok-mbengok amarga bapak goleki kucing ora enek, sak urunge mangkat menyang kebun binatang ibuk lali ngunci kandang kucing, lan akhire laras bapak lan ibuk goleki kucing kui.
              Sedino goleki kucing neng ngomah,neng ratan ora temu-temu, kelar kabeh podo mumet, bodo nyalahne salah sijine sampek-sampek bapak neng omae dukun, amprih kucinge cethuk, pirang dino sakwise bapak neng omae dukun
   Bapak : " kulo nuwun..."
   Dukun : " enggeh monggo..."
   Bapak : " mbah niku kucing kula ical kawet 3.                       dina, cobi njenengan trawang"
   Dukun : " sek yo njajal tak deloke "
   Bapak : " pripun mbah? "
   Dukun : " iku kucingmu koyone dijupuk wong                      lanang kui kucingnu ora diurus apik                          koyo sewajare, kucingmu ora dipakan.                      Kucing mu malah disok i cairan bensin.                    akhire kucingmu ulune mbrodol. "
  Bapak : " terus pripun mbah amprih kucing kula                  mbalek? "
  Dukun : " iku kucingmu wis tak kon muleh,                           entenono ae. "
  Bapak : " oalah enggeh mbah kula matur suwun                  sanget."
  Dukun : " enggeh pak "
  Bapak : " kula sakniki badhe nyuwun pamit                          mulih mbah"
  Dukun : " oalah enggeh pak "

            Sedino sakwise kucinge muleh neng ngomah kanthi awak lemes lan awake mambu cairan bensin. Ora suwi kucinge soyo lemes gek terus mati. Akhire bapak mutuske ngubur kucing neng sanding omah pas. Sak minggu sakwise laras njaluk kucing maneh neng bapak lan bapak janjeni sesok arep nuku kucing. Sesok e laras neng toko kucing karo bapak kanggo golek kucing sing tak pinginne, pirang menit sakwise aku wis oleh kucing sing tak pinginne, akhire laras muleh neng ngomah, kucinge rupane kucing lan lucu banget.

Komentar